teks ujub utowo kenduri kanggo manten,.
Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun, keparenga kula matur dhumateng para kyai, sesepuh, pinesepuh, saha para rawuh sedaya ing sami kaaturan pinarak wonten ing dalemipun Bpk parjo ngriki,
pramila panjengan sadaya karawuhaken saperlu dipun suwun sawab pandonga wilujengipun slamet,
wonten ing dinten pitu pekenan gangsal, wuku tigang
dasa sasi kalih welas, windu sekawan, kaleres dinten (jum’at legi)Bpk parjo sekaliyan,
ngedalaken sodakoh arupi sarining bumi, saperlu njodhohkaken ibu bumi bapa angkasa, kanjeng Nabi Adam –Ibu khawa, bumi ingkang dipun trepi Bpk parjo sekaliyan,
pramila dipun shodakohi mugi-mugi kajat niyatipun bapak parjo…sekaliyan. Anggenipun badhe ngijabaken putranipun ingkang asma tulkiyem…. Dipun ijabahi saha dipun kabulaken dening Gusti Ingkang Maha kuwaos,
kula aturi nambahi pandonga wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.
Ingkang saturan malih Bpk parjo... ngawontenaken shodakoh arupi, ambengan jangkep salawuhipun, saperlu nyodakohi dhumateng para Nabi, para wali, shokabatipun: Abu bakar, Umar, Usman, Ali saha Khasan-khusen, pramila dipun shodakohi mugi-mugi panyuwunipun Bpk parjo sekaliyan,
Anggenipun badhe ngijabaken putranipun ingkang asma..tulkiyem… dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkangMaha Kuwaos,kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang pinarak ngrikisadaya.Saaturan malih Bpk parjo.. ngawontenaken shodakoh arupi rakitan ambengan punika, saperlu nyodakohi cikal bakal dusun plosorejo akal bakal banjar perkarangan ngriki,
pramila dipun shodakohi mugi-mugi anggenipun ngijabaken putranipun …. Dipun kabulaken dening Gusti Ingkang maha kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang pinarak ngriki sadaya.Ingkang saaturan malih Bpk parjo.. sekaliyan, Ngedalaken shodakoh arupi ambengan punika saperlu nyodakohi para leluhuripun Bpk parjo..sekaliyan,
leluhur ingkang tebih,
leluhur ingkang celak,
leluhur ing sepuh,
ingkang anem,
leluhur ingkang kerimatan,
mboten kerimatan,
pramila dipun shodakohi mugi-mugi panyuwnipun Bpk parjowsekaliyan, angijabaken putranipun dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos,
kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya. Ingkang saaturan malih Bpk parjo sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi pala kependhem saperlu nyodakohi naga dina, naga sasi, naga tahun, jati ngarang, pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwnipun Bpk parjo sekaliyan,
anggenipun badhe angijabaken putranipun dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.ingkang saaturan malih Bpk parjo sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi sega golong pitu cacahipun, saperlu nyodakohi anggenipun badhe ngempalaken saha anggolongaken sanak kadhangipun, para kerabatipun, para pepundhenipun, ingkang sepuh, ingkang anem, ingkang celak, ingkang tebih. Pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwnipun . Bpk parjo sekaliyan, dipun ijabahidening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos,
tinebahaken saking balak, balak donya akhirat, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya.ingkang saaturan malih Bpk parjo sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi sekar setaman saperlu nyiram tuwuh nyambung tuwuh, tuwuhipun Bpk parjo sekaliyan,
Dhumateng putranipun,wpramila dipun siram tuwuh dipun sambung tuwuh, mugi-mugi panyuwnipun Bpk parjowsekaliyan anggenipun angijabaken putranipun tansah pinaringan rahayu wilujengipun saha Kinabulan dening Gusti ingkang Maha Agung, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya Saaturan malih Bpk parjo sekaliyan, ngawontenaken shodakoh arupi jenang pethak, jenang abrit, saperlu ngawuningani roh kekalih, ingkangpethak saking bapa, ingkang abrit saking biyung, Pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwunipun Bpk parjo sekaliyan, dipun ijabahi dening Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya. Ingkang saaturan malih Bpk parjo sekaliyan, ngedalaken shodakoh arupi jenang sengkala saperlu nyodakohi beka kalanipun Bpk parjo sekaliyan, beka kalanipun sakanca rencang, sakrajadarbekipun, samobah polahipun, Pramila sedaya dipun shodakohi mugi-mugi panyuwunipun Bpk parjo sekaliyan, dipun ijabahi, saha kala ingkang sampun dhumawah linebur dening Allah,
kala ingkang dereng dhumawah cinegah deningAllah, andadosaken kawilujengipunan,
mugi-mugi kinabulaken dening Gusti Ingkang Maha kuwaos, tinambahan pandonga pangestu wilujengipunipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya. Ingkang saaturan malih rakitan pisang ayu, saperlu nyodakohi nuripun Bpk parjo sekaliyan, mugi-mugi anggenipun pados rejeki, sandhang pangan, siang dalu, tansah pinaringan gangsar, lancar kangge nyekapi gesangipun, saha kulawarganipun,
dipun ijabahi Gusti ingkang Maha Asih, kula aturi nambahi pandonga pangestu wilujengipun para rawuh ingkang kaaturan pinarak ngriki sadaya Wos-wosing kajatan punika Bpk parjo sekaliyan, badhe ngijabaken putranipun, mugi-mugi Gusti ingkang murbeng dumadi tansah ngayomi,saha ngabulaken panyuwunipun tanpa wonten rubeda satunggal punapa.
Amin-amin-amin ya robal alammin.Wasana cekap samanten anggen kula ngikroraken khajat niyatipun Bpk parjo sekaliyan,
bilih wonten kirang prayogi anggen kula matur, kirang teteh saha kirang wantah, kula namung sagetnyuwun agunging pangaksami.Akhirul kalam, wabilahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum Wr. Wb.
GURAH BATAM(Hp.0856 6830 3029)
ReplyDelete23 November 2016 14:24 | dibaca 41 kali
GURAH BATAM (Hp. 0856 6830 3029)
GUN PAKARE buka Praktek Terapi GURAH di Batam sejak Tahun 2002 dengan tujuan untuk melestarikan GURAH tersebut agar tidak punah...dan hanya fokus pada pelayanan TERAPI GURAH TETES HIDUNG, agar dalam pelayanan Terapi GURAH benar-benar bisa optimal, serta... sudah RIBUAN Pasien yang telah ditanganinya... yang datang dari dalam kota, luar kota, luar pulau, bahkan dari manca Negara.
GURAH adalah...proses pembersihan organ tubuh dari berbagai lendir negatif yang merugikan organ tubuh secara alami...dengan cara meneteskan ramuan Gurah ke dalam hidung.
GURAH merupakan cara terapi tradisional yang diwariskan oleh para leluhur dari tanah JAWA...dan lebih dikenal khususnya oleh kalangan pertapa (ahli Meditasi), Pesilat, Dalang dan Pesinden sebagai upaya untuk membantu meringankan olah nafas (nafas panjang), suaranya nyaring dan kuat, serta...dimanfaatkan oleh sebagian Guru mengaji untuk menggurah para santrinya agar suaranya bagus dan merdu dalam membaca ayat-ayat suci Al-Quran...yang kemudian belakangan ini sangat marak dikenal dan dilakukan oleh para Penyanyi.
Selain bermanfaat untuk perawatan suara dan untuk perawatan kesehatan organ tubuh dari berbagai lendir yang bersifat negatif... Ber-GURAH juga sangat bermanfaat untuk membantu meringankan pengobatan berbagai penyakit, diantaranya...Batuk Menahun, Pilek Menahun, Sinusitis, Pusing Menahun, Perokok berat, dll.
Tetapi hal ini hanya berdasarkan bukti empiris hasil pengalaman praktek yang telah saya lakukan bertahun-tahun sejak Tahun 2002 s/d saat ini.
Bagi anda yang membutuhkan bantuan jasa Terapi GURAH, BEKAM, URUT URAT SYARAF, SUPRANATURAL/NON MEDIS silahkan Hubungi GUN PAKARE Ahli Gurah Batam di No Hp. 0856 6830 3029